nembang iku sarana dolanan uga bisa kanggo sinau
nembang iku gawe seneng
contoh tembang dolanan
menthog- menthog
menthog menthog tak kandani
mung solahmu angisin- ngisini
mbok yo aja ndeprok
ana kandhang wae
enak-enak ngorok
ora nyambut gawe
menthog menthog mung lakumu
megal megol gawe guyu
tegese tembung:
1. tak kandhani : tak bisiki
2. solahmu : polahmu, lakumu
3. angisin isini : gawe isin
4. ndeprok : lungguh sak kepenake
5. kandhang : omahe kewan
6. ngorok : turu kepat / turu angkler
7. nyambut gawe : kerja
8. laukumu : solahmu, polahmu
9. megal megol : bokonge obah-obah
10. gawe guyu : lucu, daekake uwong guyu
pitutur kang ana ing tembang menthog menthog yaiuku dadi bocah kudu sregep sinau aja keset menawa keset sinau bakal dadi bocah bodho, kelakuan sing keset ora patut di tiru
padhang bulan
yo prakanca dolaan ing njaba
padhang bulan padhange kaya rina
rembulane sing awe- awe
ngelingake aja turu sore-sore
tegese tembung :
1. prakanca : kanca sebaya/ sepantaran
2. padhange : padhang banget/ padhang jingglang
3. rina : wayah awan
4. rembulane : bulane
5. ngawe-ngawe : ngundang
6. aja : ora oleh
Comments
Post a Comment